Bahasa Jawa: Sumantri Ngenger
Sumantri Ngenger Resi Suwandageni duwe anak loro, uger-uger lawang. Sing mbarep jenenge Raden Sumantri lan sing wuragil Raden Sukasrana. Raden Sumantri satriya bagus, alus, lan sekti mandraguna duwe sanjata pamungkas jenenge Cakrabaskara. Dene Raden Sukasranakasektene kepara ngluwihi kasektene kakange. Nanging kuciwane, Raden Sukasrana rupane ala banget. Bathuke nonong, mripate mlolo, irunge pesek, untune ngringih kaya eri pandhan, mawa siyung kaya Bethara Kala, gulu tepak pundhake brojol, wetenge buncit tangane thekle, sikile pekoh, bokonge nyanthik, lan udele bodong. Pokoke sakabehe rerupan ala nglumpuk dadi siji ing awake Raden Sukasrana, nganti ora ana kancane sing wani nyedhak. Kabeh padha gila lan wedi, awit saka rupane sing ala lan nggilani banget. Nuju sawijine dina, marak sowan ing ngarsane kang rama, nyuwun pamit bakal suwita ing ngarsane Sang Prabu Harjunasasrabahu, ratu gung binathara ing negara Maespati. Raden Sumantri ora gelem didhereki dening ...
Komentar
Posting Komentar